Rabu, 09 Februari 2011

HADIYAH


HADIYAH
Sirahe Pardi krasa pating crenut lan nggliyeng banget. Dheweke wis ngombe puyer sing kanggo ngelu, wis kerokan barang nanging kok ya durung mari. Dheweke jaluk tulung Darmin, kancane, dikon mijeti sirah lan awake sing dadi melu lungkrah rasane.
 “ Sampeyan ki ra masuk angin kok kang….” Jare Darmin sing rada ngreti pijet sarap. “ Sampeyan ki setres…..kakehan pikiran! Iki lho…..githoke kakune kaya ngene iki….” Kandhane nyrocos sinambi terus mijeti . “ Mikir apa to kang……?”
“ Ah….ya….mikir macem-macem….! Jenenge wong urip rak ya mesthi  mikir,to Min! Kon ra mumet piye, Min! Bocah-bocah kuwi tamat sekolahe wae kok ya bareng. Terus sing kanggo nerusake sekolah…….. kira-kira pira biayane?! Lha aku golek dhuwit nyang endi….? Yen ora neruske….njur nyambut gawe apa, mengko rak uripe rekasa kaya aku iki…….!Bayangna Min, ngelu apa ora jal…!”
Darmin ora mangsuli lan wegah mbayangke, mundhak melu ngelu sirahe….! Jane mono Pardi wis anut anjurane pamarentah supaya melu program KB, mula anake ya mung telu lan antara kelairane bocah-bocah kuwi ya apik, telung taunan. Pardi lagi nyadhar yen petungan antara kelairane anak-anake kuwi rada ora pas nalika Partono, anake barep, mlebu SMP, si Partini,anake sing nomer loro munggah klas 6. Tegese……….telung tahun engkas Partono mlebu SMA,Partini mlebu SMP. Panisih, anake sing ragil munggah kelas 6. Sasi Juni iki Partono lulus SMA, Partini lulus SMP lan Panisih lulus SD! Pardi ora duwe penggayuhan arep nguliahake Partono, nanging Partono kepingin kursus komputer setaun wae, sebab modal ijazah SMA thok nek jaman saiki ora cukup kanggo golek pegawean sing rada lumayan. Partono aja kaya dheweke, mung dadi buruh pabrik tahu…….,ora mundhak-mundhak!                                    
Partini kepingin mlebu sekolah kejuruan,karepe……rampung sekolah ben bisa kanggo golek pegawean. Embuh neng toko apa neng pabrik, sing cetha ora dadi buruh sumuran…..ngumbahi saka sumur sijine menyang sumur liyane, kaya emak.
     Pira ya…..kira-kira ragade…? Pardi wis njajal nyilih dhuwit  marang Den Ayu Manisah, garwane Juragan Warta. Diwanek-wanekake nembung kanthi dheg-dhegan, nanging ora kasil. Malah kepara diece dening Den  Ayu Manisah.  “ Di…….Pardii….!! Kowe kok arep nyilih dhuwit…….!?! Lha arep dibayar nganggo apa tur lunase wae ya kapan? Wong upahmu sadina-dina ditambah kasile bojomu kuwi….bisa dienggo urip  sesasi wae wis apik. Dhuwitmu ki nek dijereng-jereng kanggo sewulan ora suwek wae wis hebat……kok arep nyilih dhuwit barang! Lha nyaure  piye………?” Senajan kasunyatane pancen kaya ngono, nanging yen diomongake dening wong liya kanthi lugas lan ngabangke kuping,atine dadi kelara-lara. Paribasane kaya wong sing boroke didudul.. Duwe borok kuwi ya lara,ya isin….., lha kok didudul…..! Wadhuuuuuuuh…………! Larane….njarem neng ati ! Nanging Pardi meneng wae ,ngempet rasa…..jagani supaya atine ora serik.
“ Mula ta Di…..Di…..! Aku biyen kandha piye….? Eling pa ora,Di….? Yen arep semendhe, semendheya neng kayu teles, neng uwit! Aja semendhe neng kayu garing….. teneh ambruk bareng! Kowe wong ora duwe kok  kawin karo Tinah sing mlarat……kuwi rak paribasan semendhe kayu garing to kowe,Di…?!”
” Pun…..pun…! Nek sampeyan boten purun nyililihi nggih boten napa-napa…… boten sah ceramah barang……!” wangsulane Pardi anyel karo nglungani Den Ayu Manisah. Amarga Manisah kuwi bojone juragane, Pardi basa ora ketang tugel pongge basane. Pardi anyel nanging ya gumun…..! Jebule kuciwane Manisah rong puluh taun kepungkur kuwi durung pupus. Isih ninggal tilas! Manisah gela lan kuciwa amarga Pardi luwih milih Tinah sing lugu lan saderhana tinimbang dheweke, Manisah prawan manis gandhes luwes sing merak ati tur anake wong duwe.
     Kanthi sangu mung ijazah SMP lan ora duwe ketrampilan sing bisa diandalake, Pardi bola bali ganti pegaweyan,nganti Juragan Warta teka saka Sumedang lan buka usaha pabrik tahu nang kampunge Pardi. Dheweke banjur nyambut gawe ana ing pabrik kono. Kocapa Manisah sing manis kuwi sidane digarwa karo juragan Warta dadi bojo sing nomer telu. Pardi ora  mudheng larah-larahe kok Manisah gelem dadi bojo nomer 3, sing dheweke paham Manisah dadi Den Ayu Warta lan gelem ora gelem dadi……juragane,majikane.
     Sirahe Pardi isih nyut-nyutan, jane mono dheweke kepingin ngaso, nanging butuh banget dhuwit. Yen dheweke ora mangkat nyambut gawe, ateges bakal kelangan upah sedina. Tinah nyawang bojone ora tegel. “ Nek lara ya ora sah mangkat kerja, to pak…!Den Ayu Manisah mosok tegel karo sampeyan,pak! “ “ O….alah…..Nah! Wong susah kaya awake dhewe iki rak ora kenal istirahat to Nah…. Arep lara bae ora kober,kok…..” wangsulane Pardi karo mijeti sirahe dhewe. “ O….iya, pakne……bab dhuwit sing kanggo Partono, aku wis ndaftar PKK sasi iki..……,kebagian Rp 150.000,- dibalekake ping lima mulai wulan sesuk. Ditambah dhuwite Partono hadiyah saka sekolahan.Pas pengumuman wingi, Partono kuwi rengking 1 sakjurusane……,oleh hadiyah Rp.100.000,- jarene hadiyah kuwi ijole biaya tes mlebu perguruan tinggi, ngono….Arepa ora ndaftar kuliah hadiyahe yo tetep diwenehke bocahe. Dadine wis ana Rp.250.000 pak” Pardi mung manthuk-mantuk krugu katrangane Tinah. “  Nanging isih kurang,to Nah?” ujare Pardi.   “Ditambah dhuwit tarikan, pak! Kudune tarikan kuwi oleh Rp.150.000,- nanging marga aku jaluk ditokke dhisik, dadi nampane Rp.125.000,- “  Pardi manthuk-manthuk karo isih mijeti sirahe dhewe. “ Lha sing Rp.25.000,- nggo sapa?” Tinah nggenahake:” Kanggo pecingan….diwenehake marang sing durung narik!”  “ Yen ngono aku tak menyang kelurahan dhisik, jaluk surat ketrangan sekeng, sapa ngreti bisa oleh keringanan”
………………………………………………………………………………………………………
“ Mak………mak…..!!! delokken iki mak…….!!!” Suarane Partono gemboran ngagetke Tinah.
Partono bengak bengok karo mlayu sipat kuping kaya dioyak asu. “ Mak…….mak…… aku oleh hadiyah,mak…..deloken to mak…..!” Partono ngulungke amplop layang sing lagi wae ditampa. Layang ing jero amplop mau cacahe ana telung lembar. Saklembar surasane “pemberitahuan dan ucapan selamat” amarga Partono menang undian saka perusahaan permen coklat. Ing kono uga ana alamat lan nomer telpun sing kudu dihubungi kanggo jupuk hadiyahe. Sing salembar maneh isine bab daftar hadiyah, pajek sing kudu dibayar lan katamptuan liyane. Lembar sijine maneh surasane bab penarikan undian komplit karo jenenge pejabat notarise lan Nomer Induk Pegawai ne. Kupon Kuis sing diisi jeneng lan alamate apartono uga ana ing amplop kuwi.Dokumen-dokmen kuwi dicap nganggo cap asli. Dudu photo copy.
“ Tak wacane ya mak, unine layang iki.
         Selamat! Anda memenangkan hadiah utama, sebuah mobil HUNDAI ATOZ…
Tinah ngrungokake tenanan kanthi dheg-dhegan. “ Pira regane mobile ya Ton….?” Partono molak-malik lembaran-lembaran layang mau. “ Sik ya mak….. ketoke ana daftare kok mak…..Lha iki ra….!! Sangangpuluh pitu yuta, pajeke Patlikur yuta wolung atus rupiah, kuwi ditanggung sing nampa hadiyah, mak…..! Paling lat kudu dijupuk tanggal 20 Juni 2002. Tulung, mak delokke tanggalan. Kapan kuwi….? E…….ladalahhh…sesuk esuk ki mak……..!”  Partono pandeng-pandengan karo emake, Tinah.Kebingungan. 
“ Edanane……!!!” Dhuwit semono kehe ki arep golek ngendi, Ton….?” Geger genjik neng omahe Tinah gawe perhatiane tangga teparone. Kabeh pada teka nggrubyug omah sathothok keyong kuwi, nganti sesak bleg! Kabeh pada komentar dhewe-dhewe.
“ Dipriksa sing genah sik Ton. Mengko gek palsu…..” Hardi sing sok ngretinan menehi saran. “ Yo jelas ora palsu to Mas,…” Saurane Bowo sing nyambut gawe neng kelurahan, karo molak-malik lembaran-lembaran layang mau. “ Iki lho……layange dicetak apike kaya ngene….. Stempele asli…….lha iki ana bungkus coklat sing ditulisi jeneng lan alamate Partono. Iki tulisanmu dhewe pa dudu, Ton…?”           
“He eh mas, bener iki tulisanku dhewe….!” Bowo isih nliti lembaran sijine: “ Lha iki…..daftare notaris, pejabat sing ngundi hadiyahe…..NIP e kepala 06……. Wis bener iki…..Cetha nek ora palsu….!” Jare Bowo. “ W a a.a.ah…. Beja kemayangan kowe Ton…….!! Pas butuh ragad….. ndadak dadi wong sugih…..!! Aja lali karo kanca ya Ton…..” Surip nimbrung.
” Dhek aku tuku permen coklat kae aku diseneni mak-e sedina dheng….! Diunek-unekake emak…. Jare kaya cah gedhongan wae.Dhuwit kok dienggo jajan coklat.Jajal ditukokake tempe……..bisa dienggo lawuh wong saomah….sedina, ngono….!! Lha saiki… piye …..mak?”
“ Iya….iya…..le…! Sing penting saiki, piye carane jupuk hadiyah kuwi…..?” Kabeh pada bingung….” Wis ngene wae…. Ton. Nyang wartel kana…..Takonna karo pak….sapa kuwi mau sing kudu dihubungi…..?! Kuwi lho sing ana nomer HP ne… Soale….ana cap tanggal terakhir pengambilan hadiah….kuwi lho. Mengko nek telat piye…?” Bowo ngulungi dhuwit  ewonan telung lembar marang Partono. Partono dikancani Surip mlayu tekan pojokan gang, ing kono ana wartel duweke mbak Fitri. Ora suwe bocah loro mau wis bali maneh karo ngos-ngosan.             
“Mas Bowo…..yen sesuk hadiyahe ora dijupuk,hadiyahe arep dilelang. Ning bisa ditunda nek awake dhewe menehi porsekot telung yuta , dikirim nyang relening iki…..” Partono nuduhake nomer sing dicatet mau.
“ Telung yuta…..? Dhuwite mbahe….!! Wis….! Saiki nusul bapakmu wae Ton. Sapa ngreti yen Den Ayu Manisah gelem nyilihi dhisik…!” 
     Wong pirang-pirang mau pating regudug marang pabrik tahu,agawe kagete Den Ayu Manisah . Dikira ana demo, wong saiki lagi jamane domo-demonan. Bareng Bowo nerangake dhodhok selehe, Den Ayu Manisah lagi lega, malah bisa mesem……,nanging yo kuwi mau….pojoke lambe munggah 45 derajat alias esem sinis!!! Olehe ngomong  karo menjap-menjep nganyelake :” Di…..timbang kowe nyilih dhuwit aku kanggo porsekot  banjur bingung mbayare…..luwih becik yen layang lan kuponmu kuwi tak tuku Rp10 yuta. Oleh apa ora…? Kowe ra sah repot-repot lunga nyang Jakarta, nggoleki alamate lan mbayar porsekote. Tak uruse kabeh wis to….Rp.10 yuta….Di! Kontan…Jreng….!! Gelem pa ora…?"
Sadurunge Pardi mangsuli, Partono wis gedheg dhisik.     “Matur nuwun, Den Ayu….., yen Den Ayu boten kersa ngampili nggih mpun. Mangke sonten kula kedah bidhal dateng Jakarta kersane njing enjing pun dugi mrika.”  Den Ayu Manisah gumun krungu wangsulane anake Pardi:” Lha trus…. Sing nggo nebus…..dhuwit saka ngendi….?” Kanthi kalem Partono mangsuli:” Mengke kula nyuwun tebas mentah mawon….sisan dipotong pajek, ngoten mawon…..!” Den Ayu Manisah gregeten :” Alah…..ya sakarepmu! Tapi…yen Pardi melu lunga…ateges upah hariane dipotong, lho… ya !”      
      Putusing rembug Pardi lan Partono arep mangkat Jakarta sore iku uga, numpang treke Lik Kurdi. Bowo sing wis tau urip neng Jakarta melu ngeterake.Sirahe Pardi wis ora ngelu maneh senajan lungguh neng bak trek sing ora nyaman babar blas, kena angin wengi sisan…!  Tekan Jakarta, wong telu mudhun saka trek banjur mlaku ngurutake dalan nggoleki alamat sing dituju. Sawise muter-muter ing daerah Kuningan sawetara wektu, pungkasane sepakat takon polisi wae. Pak Polisi sing lagi tugas nuduhake arah alamat kuwi, daerah sing wis diubengi mau. Pak Polisi mau nyawang lakune wong telu kanthi gumun…..” Kawit wingi kok wong padha nakokake alamat kuwi…. Omahe sapa to jane…?”
      Wong telu mlaku bareng mbaleni tilas lakune mau.      Bareng wis bola-bali nakokake dununge alamat mau, pungkasane kecekel alamat mau. Rada nylempit mula golekakne angele….poool! Sawise mejet bel bola-bali, wong wadon rada tua mbukak lawang. “ Bapak mencari siapa…?! Pitakonane wong wadon mau  ora semanak.     
“Kami…..kami ….mau….ambil hadiah, bu….” wangsulane Partono karo nuduhale layang saka perusahaan permen coklat.
“ Apa bapak-bapak lihat rumah kami ini seperti kantoran….? Apa bapak-bapak lihat disini ada orang kerja kantotan atau  pabrik….?” Wong wadon mau sajake jengkel, mula suwarane nyolot banget.
“Rumah ini sebuah mess, pak! Mess tempat para mahasiswa singgah dan menginap kalau lagi datang ke Jakarta….!! Perlu bapak ketahui ya….! Bapak ini orang ke-9 yang datang kesini dengan tujuan yang sama. Hari ini batas tanggal pengambiln hadiah kan, Pak?” Wong telu manthuk bareng tanpa suwara. “ Mereka minta bapak mengirim 20% pajak yang harus dibayarkan ke rekeningknya kan, pak?” Wong telu manthuk-manthuk maneh….judheg….tenan!
“ Apa sudah bapak bayarkan…?” Telu-telune gedheg bareng  “Bapak ini sama dengan yang lainnya…..Tertipu!!! Unung bapak belum bayarkan uangnya. Mereka kemarin ada yang sudah kirim Rp.4 juta, ada yang Rp.3 juta. Ada yang belum ngirim tapi sudah bawa uang kontan buat bayar pajak!”
     Wong telu kuwi wis ora ngrungu ukara –ukara sing diomongake wong wadon mau sawise tembung…… tertipu! Telu-telune langsung nglegoso bareng….! Lemes awake kaya dilolosi balunge…..nglumbruk kaya kumbahan teles. Wong wadon sing nunggu mess mau melas nyawang tamune.Wong telu iki beda karo tamu-tamu nyasar  liyane. Dheweke ngrasa mesakake banget,banjur njupuk banyu putih disuguhake tamune sing katon susah lan kesel
“ Bapak-bapak datang darijauh…ya? Duduk di kursi sini,pak!......” Wong telu nampani banyu putih suguhan mau nanging nolak lungguh aneng kursi teras. Partono ndhingkluk lesu…..angel anggone ngempet tetesing eluh. Pardi ngeremake mripate. Kebayang  praupane tangga teparo sing ngenteni tekane wong telu iki, praupane bojo lan anak-anake  sing gela….. Lan sing luwih ngigit-igit …..kebayang wajah sinise den Ayu Manisah…! Tawarane Den Ayu Manisah sing arep nuku kupone gedhene Rp.10 yuta ditolak amarga ngarepake hadiyah sing luwih akeh….., saiki malah kelangan dhuwit sing kangelan anggone ngumpulkake saka pinjaman PKK, hadiah sekolahan lan liya liyane kanggo ragad lunga Jakarta, kanggo njupuk hadiyah.
       Ujug-ujug……mak gedebug…..Pardi ngglongsor klenger gawe kagete Bowo,Partono lan Wong wadon sing jaga mess mau. Pardi diupakara…..capet-capet kupinge krungu suwarane  Bowo… "Kang………sadar….! Eling….kang, Wis ra sah dipikir, kang…… Gusti Allah ora sare….. Sing sapa salah bakale seleh, Apa ta bahagiane wong sing uripe ngapusi kaya ngene iki….? Kang….,kang Pardi….. Sadar….kang….eling kang…!! Awake dhewe bali wae ya kang…..!Sadar kang…..!” 
Partono wis ora bisa dijak mikir….., mula Bowo mutusi dhewe arep nggawa bali tanggane sore iki.Pangarep-arepe muga-muga bisa nunut treke Lik Kardi maneh….muga-muga tanggane iki ora kebablasen lara…..Muga-muga sing ngapusi ngreti, embuh saka ngendi ngretine…..yen dheweke kuwi wis nyusahake wong sing pancen lagi susah………..!!!
                                         ---------------------------------------















Minggu, 30 Januari 2011

LIAT LAH BAJING

Liat lah bajing cari pangidupan
Naik turon klappa, main kiri kanan
Putar melompat, jato, naik, turon
Sababnya tidak cepat kaya burong
Ontong terlalu, bajingku slamat
Pasti nyang cari pangidupan dapat!
Saija sendiripun di hutan jati
Duduk,bernanti pangidupan hati,
Sudahlah perutnya bajingku kenyang-
Sudahlah lama masok di sarang
Tapi slamanya jiwanya Saija
Hatiku paya - Upi Adinda !

Liat lah kupu-kupu kuliling
Kaya kembang waru sayap gumiling
Hatinya cinta bunga kenari
Pasti kasayangan harum dicari
Ontong terlalu, kupuku slamat
Apa nyang cari tantuken dapat!
Saija sendiripun di hutan jati
Duduk bernanti kasayangan hati
Sudahlah lama cium kupu-kupu
Bunga kenari cinta terlalu
Tapi slamanya jiwanya Saija
Hatiku paya - Upi Adinda !

Liat mathari cahaya tingie
Tingie di atas bukit Waringin
Pannas terlalu turon diminta
Tidor di lahut kaya bini dicinta
Ontong terlalu mathari slamat
Apa nyang cari tantuken dapat !
Saija sendiripun di hutan jati
Duduk bernanti diamlah hati
Sudahlah lama turon mathari
Tidor di lahut - trang sudah lari
Tapi slamanya jiwanya Saija
Hatiku paya - Upi Adinda !

Kalu tralagie kupu kuliling
Kalu tralagie bintang gumiling
Kalu tralagie harum melati
Kalu tralagie kerasahan hati
Kalu di hutan tralagie binatang
Kalu Adinda belom lagie datang
(Dua baris yang ada dalam bahasa Belanda
  tidak ada disini )
Nanti bidari sayabnya gellang
Turon di bumi cari nyang korang
Nanti ketingalan badannya Saija
Hatiku paya - Upi Adinda

Nanti bangkehku diliat bidari
Pada sudarah menunjuk jari
Liat di lupa saorang mati
Mulutnya kaku cium bunga melati
" Mari kit 'angkat dia di saorga
" Nyang sampeh mati nanti Adinda
" Janganlah sungoh tinggal di situ
" Nyang punya hati cinta begitu
Dan lagi skali mulutku buka
Panggil Adinda nyang hatiku suka
Cium lagie skali melati bunga
Dia nyang kasi -- Upi Adinda !


                                                                 Desember 1859
                                                                 Multatuli ( Eduard Douwes Dekker )
                                                                 dari; Max Havelaar Bab XVII
                                                                 bahasa asli bahasa Melayu (waktu itu )
                                                                 disalin kembali dengan ejaan EYD ( Yekti W)
                                                                 Terjemah: HB Jassin - 1972
                                                                   
                                                              

Sabtu, 29 Januari 2011

AKU TAK TAHU DIMANA AKU KAN MATI

Aku tak tahu dimana aku kan mati
Aku melihat samudra luas di pantai selatan ketika datang kesana dengan ayahku,untuk membuat garam
bila ku mati di tengah lautan,dan tubuhku dilempar ke air dalam,ikan hiu berebutan datang;
berenang mengelilingi mayatku,dan bertanya:
"siapa diantara kita akan melulur tubuh yang turun nun di dalam air?"; -
Aku tak akan mendengarnya

Aku tak tahu dimana aku kan mati
Kulihat terbakar rumah pak Ansu, dibakarnya sendiri karena ia gelap mata
bila ku mati dalam rumah sedang terbakar, kepingan-kepingan kayu jatuh menimpa mayatku
dan di luar rumah orang-orang berteriak melemparkan air pemadam api; -
Aku tak akan mendengarnya

Aku tak tahu dimana aku kan mati
kulihat si Unah kecil jatuh dari pohon kelapa,waktu memetik kelapa untuk ibunya
bila aku jatuh dari pohon kelapa ,mayatku terkapar di kakinya,di dalam semak,seperti si Unah
maka ibuku tak akan menangis, sebab ia sudah tiada,tapi orang lain akan berseru:
" lihat Saija disana!" dengan suara yang keras; -
Aku takkan mendengarnya

Aku tak tahu dimana aku kan mati
kulihat mayat pak Lisu, yang mati karena tuanya, sebab rambutnya sudah putih;
bila aku mati karena tua, berambut putih,perempuan-perempuan meratap sekeliling mayatku
dan mereka menangis keraskeras seperti perempuan-prempuan menangisi pak Lisu
dan juga cucu-cucunya akan menangis, keras sekali; -
Aku takkan mendengarnya

Aku tak tahu dimana aku kan mati
banyak orang mati kulihat di Badur, mereka dikafani dan ditanam dalam tanah;
bila aku mati di Badur, dan aku ditanam di luar desa, arah ke timur di kaki bukit dengan rumputnya yang tinggi
maka Adinda akan lewat disana, tepi sarungnya pelahan mengingsut mendesir rumput................
Aku akan mendengarnya.


                                                          Desember 1859
                                                          Multatuli ( Eduard Douwes Dekker )
                                                          Dari buku Max Havelaar Bab XVII
                                                          Terjemah: HB Jassin - 1972